Geguritan,,,,,,,,,,,,,,, by fuat
"TRESNA"
Ora bakal luntur
Sanajan salira adoh
Nanging cedak neng ngati
Tresnaku
mung kanggo kowe
Ora onoliyane
Kejobo mung kanggo
Awakmu
Sanajan suwe ora ketemu
Nanging tesih kaya mbiyen
Ora bakal owah
Saya suwe saya tresna
Wes pirang-pirang taun
Kowe karo aku
Nanging
Enggale suwe banyu sinaring
Kaya agi wae
Ora krasa
Amarga, esemmu nengsemake atiku
"Kembang Mlathi"
Daksebar kembang mlathi
Ing Taman Makam
Pahlawan
Kusuma Bangsa kang sejati
Luhku tumetes... tes... netesi
bumi
Aku rumangsa dosa
Durung bisa melu labuh
negara
Amung sekar mlathi iki
Tandha setya lan janji
Bakal melu napak suci
Labuh nagri alelandhesan ati
suci
Dadi pepenget 10 November iki
dina mulya lan suci
" Isek Tresno Slilamu "
Ko seberang laut kangenku
Numpak kapal perahu
Arep nang dermaga sliramu
Ndang Papak'en ta tunggu
Ta sawang laut biru
Seger rasa neng atiku
Mbayang-mbayangne sliramu
Nek ngguyu gawe kangenku
Isek kelingan pora karo aku
Sak suwene ora nang sandengku
Neng njero neng atiku
Sak tenane isek tresno sliramu
No comments:
Post a Comment